Rabu, 17 Oktober 2018

Makalah bahasa jawa

Makalah Bahasa Jawa 

Mantenan



Kelas : XI-IPA 6
Anggota Kelompok :
1.Inka Puspitaningrum
2.Muhammad Fikri S.
3.Nayun Putri Iqromah
4.Rana Dhia Pertiwi
5.Reza Sapta Arista P.

SMA Negeri  1 Trenggalek
Tahun Pelajaran 2018-2019


Atur Pambuka

Ingkang sepindah kula ngajukaken puja lan puji syukur dumateng ngarsanipun gusti ingkang mahaesa,Allah swt,Bilih,kanthi rahmat lan hidayahipun kula aget ndamel tugas makalah menika.
Makalah menika dipuntujukaken kagem nambah wawassan babagan tradhisi ing tanah jawa,salah satunggalipun yaiku upacara penganten miturut tata cara utawi adat kejawen.Upacara penganten iku salah satunggalipun saking tradhisi jawa ingkang paling asring dipunlaksanakaken ing masyarakat jawa,bilih kanthi tujuan menika kula bakal nerangake ing makalah menika bab upacara pengantej miturut tata cara jawan
Pungkasane atur,mugi-mugi makalah menika saget bikak 'jendela wawasan' sinten kemawon ingkang maos makalah menika.Sakderingipun makalah dipunwaos,kula nyuwun pangapunten menawi kula migunakaken basa ngoko.
Matur suwun.
                                                                                Penulis

                                                                     Kelompok 4
















Kaca Pangesahan

Makalah Basa Jawi ngenani babagan "Upacara Mantenan " menika sampun angsal persetujuan dumateng Ibu Guru Basa Jawi,wonten ing :

Dinten.   :
Tanggal :
Wanci.   :

Mugi mugi makalah menika saged menehi pangerten utawi ilmu dumateng kita sedaya,kula panjenengan sami.Amin.

Trenggalek,20 September 2018
Guru Basa Jawa

             
                                                                              Ibu Fera










Daftar Isi

BAB I  ............. 1
Latar Belakang ...... 1
Rumusan Masalah 1
Tujuan ... 1
BAB II 2
Sejarah Mantenan 2
Susunan Acara Mantenan 2
Pirantine Mantenan 5
Syarat-Syarat Mantenan 7
BAB III 8
PENUTUP 8
KESIMPULAN 8
LAMPIRAN 9

















BAB 1
A.  Latar Belakang
Ing jaman ingkang tambah majeng niki kathah masyarakat ingkang sampun mengker tradisi adatnya. Piyambake sedaya nganggep menawi taksih numindakake tradisi adat badhe kanaman kina, kentun jaman, kirang up date uga benten-benten. Amargi wontenipun embel-embel kasebut katah masyarakat jaman sakmenika langkung remen milih hal-hal ingkang énggal saking ing tasik numindakake tradisi dangu ingkang dipunanggep kina. Masyarakat sak menika langkung migatikaken panampilan enggal lebet macem-macem hal. Dados salah satunggal tuladhanipun yaiku masyarakat jawi. Masyarakat jawa sak menika sampun kathah ingkang ngginakaken basa indonesia dados basa keseharian ugi sanes ngginakaken basa krama inggil dados basa keseharian. Kalebet bab rasukan masyarakat jawi ugi sampun mengker rasukan adat nya utawa (kebaya). Piyambake sedaya namung ngagem kebaya menawi ing dinten utawi momen-momen tertentu, kados ing kala upacara raben, sunatan uga acara-acara bentenipun. Boten namung rasukanan lebet nglampahi ritual-ritualnya pun sampun awis dipun tumindakake.
Dados tuladhanipun yaiku ritual ing kala mantenan lebet masyarakat jawa acara mantenan nggadahi kathah ritual ingkang kedah di tumindakake.Saking sakderengipun ijab qabul ngantos sasampun ijab qabul.Amargi kathahipun ritual ingkang kedah ing tumindakake masyarakat nglintu enggan majengaken piyambakipun. Piyambake sedaya masyarakat sakmenika langkung remen ingkang sederhana (simple),mereka-mereka langkung milih ngirangi ritual-ritual kasebut kajengipun tetap saged dipuntumindakake
B. Rumusan masalah
1. Kadospundi ritual-ritual ingkang ditumindakake kalo mantenan?
2. Ing mantenan piranti kang digunakaké napa mawon?
C. Tujuan
1. Nyumerepi menapa kamawon ingkang ditumindakake ing kala acara mantenan jawi.
2. Nyumerapi nopo mawon piranti kang digunakaké ing mantenan.









BAB II
Sejarah Mantenan
Saben Pasangan pengantèn uga diladéni kusus déning kaluwargané dhéwé-dhéwé uga ngagem rasukan kusus kaya pasangan raja lan permaisuri. Tradisi lan pranatacarane mantenan ana ing Jogja karo  Surakarta, biyen biasane para lingkungan kraton ngadaake acara sing digunakake kanggo njodohkake anake karo pangeran utawa bangsawan lan tujuane kanggo ngabungake budaya Jawa karo budaya pembaharuan.AdateMantenan kuwi gabungane ajaran agama Islam lan adat Jawa piyambak,Amagane hindu lan  wis ana sakdurunge islam ana ing Jawa,Amarga kuwi Mantenan muncul saka sejarah budaya akulturasi saka Islam ,karo Hindu,sing tetep dilestarake dening saiki.
Susunan Acara Mantenan                                     
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwé rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng dalèmé penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.

Lamaran
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didadeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.

Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah,
kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.
Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.
Ijab Kbul
yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji nang ngendi kwi di delok karo wong akeh kanggo saksi yen wong loro kwi nikahe sah.
Upacara Panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
Upacara Balangan Suruh
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
Upacara Wiji Dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.
 Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.
 Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.
 Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.isine kedelai,kacang tanah,bengkle beras.
Dhahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
Kenduren/Resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.
a.     Dekorasi
Dekorasi dipasang wonten dhalemipun ingkang gadhah dhamel,wernane wonten kathah.
b.    Tarub
Saking bahasa nata (mengatur) lan urub (nyala api) masang tarub gumantung wonten dhalemipun ingkang gadhah dalem punika.
c.      Pemaes
Upacara paesing calon penganten putri ing wanci sabibaripun upacarasiraman, kajibahan ditindhakke juru paes utawi dhukun penganten.
Ugi Pirsani
Ningali calon penganten putrid ing griya tiyang sepuhipun.






Pirantine Mantenan
Umbarampe Temanten yaiku
Sanggan
Kadosan saking pisang raja setangkep ingkang
Sae dipun rias ngagem emas dipun delehaken
wonten ing nampan utawi baki.






Bombongan
Kedadean saka pitik jago sik mempeng (wani karo babon), langkung sae mboten jago sik kalah tarung
Mas kawin
Minangka syarat saran wajib ngagem titi wekdal ijab qobul. Lamun Mampu dipun kantheni Srikawin(penggangon mas-masan)Mas kawin menika supados ngelingake garwane putri





Arta Pituken
Minangka saran jangkepe nyekapi kabutuhan pihak calon mantenan putri
Ageman Temanten Putri sak Pengadek
Pesing
Jarik pisungsung kagem eyangipun calon manten putri menawi taksih sugeng.






Piranti Paes
Kangge jangkep riyas calon manten putri anggenipun ngadi sarira lan ngadi busana.







Angsul-angsul
Werninpun wowohan, panganan (lemper,jadah,yangko,tawonan,lsp)

Plangkah
Sarat menika menawi calon putri anggenipun krama langkung rumiyin tinimbang mbakyu nipun.
Janur

Sesajen


Tumpeng

Kendi

Setunggal set suruh


Syarat-Syarat Mantenan
Syarat-syarat mantenan yaiku :
Ana persetujuan saka ke-2 belah pihak.
Kanggo sing urung umur 21 tahun, kudu ana restu saka uwong tuwa. Utawa sakumpama salah sijine saka uwong tuwa kang uwis ora ana utawa ora mampu nyampekne kekarepane, ijin bisa diperoleh saka wong tuwa kang isih sugeng utawa wong tuwa kang mampu nyampekake kekarepane.
Saumpama wong tuwa wis ninggal utawa ora mampu nyatakne kekarepane, ijin bisa diolehne saka wali, utawa dulur sing nduweni hubungan getih ning garis keturunan lurus ning dhuwur.
























BAB III
PENUTUP
Kesimpulan
Upacara penganten adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara penganten iki nglambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung ning suasana sing khusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggarakake ning dalemipun penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wong tuanipun utawa keluarganipun penganten putri ning tetep dibantu keluarga penganten kakung






















LAMPIRAN



Narasumber : Ibu Ririn






Daftar Pitakon
Diza Sabila Miranda (09)
Punapa siraman iku di wontenake setunggal dinten sak derenge
mantenan ?
Heri Cahyono (15)
Punapa mawon tanggal lan sasi ingkang mboten sae digawe mantenan miturut wong jawa?
Karina Harry Purbawati (18)
Punapa lamaran dhateng Trenggalek niku ingkang nglamar calon penganten setri rumiyin ?
Sari Ambarwati (30)
Punapa tujuanipun midodareni? Midodareni wajib nopo mboten?
Wahyu Andrianti Permata S. (31)
Kenaapa  panganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi ?
Wangsulan
Inka Puspitaningrum (16)
Wangsulan : Amargi miturut wong jaman mbiyen, siraman niku kanggo ngeresik.i .e sing arep nikah supaya roh-roh jahat lan nopo" sing ora becik ilang tekan awak.e poro temanten. Diwenekne sak durunge mantenan gunane kanggo ngeresik.i temanten amargi arep ngelakoni acara sakral yaiku mantenan kuwi
Reza Sapta Arista Pradana (28)
Wangsulan : Dina-dina gedhe (dina muharram, idul fitri, tasyrik, lsp)
Dina-dina wulan syawal lan dzulhijjah
Wulan-wulan jumadil akhir, rejeb lan ruwah, dina rabu, kamis dan jumat
Dina-dina sing ana anggota kaluwarga sing seda



Sedaya
Wangsulan : Amarga tradisi kuwi nggambarake rasa pakurmatan calon penganten setri marang calon penganten kakung.
Selain kuwi, lamaran niku nggambarake menawi calon penganten kakung kudu bisa njaga lan ngopeni calon penganten setri amarga calon penganten setri sampun maringi kepercadosan awujud seserahan punika .
Nayun Putri Iqroma (24)
Wangsulan : Tujuanipun midodareni kanggo oleh berkah marang poro malakait kagem tiang setri sing arep mantenan niku miturut wong biyen. Wajib nopo mbotene niku   sesuai kalian wong tua ingkang ngadakake mantenan
Rana Dhia Pertiwi (27)
Wangsulan : Amarga miturut tiyang mbiyen acara iki ngandung makna yen bengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.

2 komentar: